Tiga pesan Idul Adha
اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ كُلَّمَا هَلَّ هِلاَلٌ
وَاَبْدَرَ اللهُ اَكْبَرْ كُلَّماَ صَامَ صَائِمٌ وَاَفْطَرْ اللهُ
اَكْبَرْكُلَّماَ تَرَاكَمَ سَحَابٌ وَاَمْطَرْ وَكُلَّماَ نَبَتَ نَبَاتٌ
وَاَزْهَرْوَكُلَّمَا اَطْعَمَ قَانِعُ اْلمُعْتَرْ. اللهُ اَكْبَرْ اللهُ
اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ
وَ للهِ اْلحَمْدُ. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ
اْلفِطْرِ بَعْدَ صِياَمِ رَمَضَانَ وَعْيدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ.
اللهُ اَكْبَرْ (3×) اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ
وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ اْلمَلِكُ اْلعَظِيْمُ اْلاَكْبَرْ وَاَشْهَدٌ
اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الشَّافِعُ فِى اْلمَحْشَرْ
نَبِيَّ قَدْ غَفَرَ اللهُ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ وَمَا تَأَخَّرَ. أَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى سَيِّدِنَا
وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا مُحمَّدٍ, سَيِّدِ المُرْسَلِيْن, وَإِمَامِ
الْمُهْتَدِيْن وَ قَائِدِ الْمُجَاهِدِيْن, وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ
اَذْهَبَ عَنْهُمُ الرِّجْسَ وَطَهَّرْ. اللهُ اَكْبَرْ. اَمَّا بَعْدُ. فَيَا
عِبَادَاللهِ اِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ
مُسْلِمُوْنَ
اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ
Ma’asyiral Muslimin
rohimakumulloh.
Minongko purwokoning atur, keparengo kawulo ngajak dumateng awak soho
keluargo kulo piyambak lan umumipun dumateng panjenengan sedoyo engkang hadir lan mirengaken khutbah meniko, monggo sesarengan sami ningkataken raos
ajrih dumateng ngerso dalem Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan
nglampahi punopo ingkang dipun dawuhaken. Allah
sampun paring janji dhateng tiyang ingkang iman lan taqwa, Allah badhe paring
margi ingkang gampil dhateng kawulanipun, margi ingkang awrat badhe dipun
ringanaken, margi ingkang sisah badhe dipun gampilaken, margi ingkang peteng
dhedhet badhe dipun padhangi lan saterasipun.
وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا (2) وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ وَمَنْ يَتَوَكَّلْ
عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ ۚ إِنَّ اللَّهَ بَالِغُ أَمْرِهِ ۚ قَدْ جَعَلَ
اللَّهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا (3)
“Sapa wonge kang taqwa marang Allah mesthi
Panjenengane bakal dadekake kajembaran kanggo dheweke, lan maringi rizki saking
jurusan kang ora den kira-kirakake. Lan sapa wonge tawakal marang Allah, mesthi
Allah bakal nyukupi (kaperluwane) dheweke”. (QS. Ath-Thalaq: 2-3)
Allah SWT zat ingkang Maha Kuwaos nanging
Allah ugi Maha Welas Asih, wujud saking kuwaosipun Allah, kanthi qodrat lan
irodatipun sedaya ingkang dipun kersakaken dening Allah saget maujud:
إِنَّمَآ أَمْرُهُۥٓ إِذَآ أَرَادَ شَيْـًٔا أَن
يَقُولَ لَهُۥ كُن فَيَكُونُ
“Satemene tindake pangeran yen ngersakake
(dumadine) sawiji-wiji iku amung ndhawuhake marang sawiji-wiji mau “dumadiya
sira” mula banjur dumadi”. (QS. Yasin: 82)
Kanthi welas-asihipun, Allah saget
mulyakaken dhateng kawulanipun lan kanthi kuwasanipun ugi saget dadosaken
kawulanipun dados ina lan ashor. Mekaten punika kasebat ing dalem Alquran:
قُلِ اللَّهُمَّ مَالِكَ الْمُلْكِ تُؤْتِي
الْمُلْكَ مَنْ تَشَاءُ وَتَنْزِعُ الْمُلْكَ مِمَّنْ تَشَاءُ وَتُعِزُّ مَنْ
تَشَاءُ وَتُذِلُّ مَنْ تَشَاءُ ۖ بِيَدِكَ الْخَيْرُ ۖ إِنَّكَ عَلَىٰ كُلِّ
شَيْءٍ قَدِيرٌ
“Dhawuha sira (Muhammad): “Dhuh Gusti
Pangeran ingkang kagungan kraton, Panjenengan maringi kraton punika dhumateng
tiyang ingkang Panjenengan kersakaken lan Panjenengan mundhut wangsul kraton
punika dhumateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken. Panjenengan mulyakaken
dhumateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken lan Panjenengan ngasoraken
dhumateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken. Inggih namung wonten ngarsa
Panjenengan kemawon sedaya kesahenan. Lan sayektosipun Panjenengan punika
dhamateng sedaya perkawis, ingkang Maha Kuwaos”. (QS. Ali Imran: 26)
اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ
Ma’asyiral Muslimin
rohimakumulloh.
Allah zat ingkang Welas Asih lan Maha
Wicaksana, sedaya kawulanipun Allah kepingin dados tiyang ingkang gesangipun
mulya, dipun cekapi sedaya ingkang dipun seja. Boten wonten tiyang ingkang
kersa dipun paringi sakit lan cilaka, bendu lan rubeda. Sedaya manungsa
ngersakaken gesang ingkang sakinah, mawaddah, rohmah, istiqomah, sejahtera
lahir lan batinipun. Mekaten punika boten saget dipun perkoleh kanthi gratis,
nanging dados perkawis ingkang kedah dipun usahakaken.
إِنَّ ٱللَّهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتَّىٰ
يُغَيِّرُوا۟ مَا بِأَنفُسِهِمْ ۗ
“Satemene Gusti Allah ora ngowahi kahanane
sawijine kaum nganti kaum iku dhewe
kang ngowahi marang kahanane “. (QS. Arro’du: 11).
Allah paring janji lan Allah boten badhe
cidra kalian janjinipun, syarat dados kawula ingkang dipun mulyakaken inggih
punika kedah iman lan taqwa. Salah satunggalipun wujud saking iman inggih
punika nindakaken shalat lan qurban, Allah SWT nate ngendika:
لَن يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا
وَلَٰكِن يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنكُمْ ۚ
“Daging-daging onta lan getihe iku babar
pisan ora bisa merkoleh (karilane) Allah, ananging ketaqwaan kang saka sira
kabeh iku kang bisa merkoleh karilane Allah”. (QS. Al Hajj: 37)
Wonten ing dalem Alquran surat Al Kautsar
ayat 1-3 Allah ngendika:
إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ
“
Satemene Ingsun wus maringake marang sira nikmat kang akeh. Mula shalata sira
kerana Pangeranira lan gaweha qurban sira. Satemene wong kang nyengiti sira,
hiya iku wong kang cunthel”.
اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ
Ma’asyiral Muslimin
rohimakumulloh.
Allah SWT sampun paring mapinten-pinten
kenikmatan lan kamulyan ingkang dipun paringaken dhumateng para manungsa, milai awal Allah sampun nitahaken manungsa
dados makhluk ingkang mulya lan sak bagus-bagusipun rupa. Amargi manungsa dipun
titahaken dados khalifah lan kawulanipun Allah ingkang ghadhahi tugas ganda,
kanthi mekaten pas sanget menawi manungsa punika dipun dadosaken makhluk
ingkang paling sempurna. Sak sampunipun kedadosanipun punika dipun
sempurnakaken, tumuli Allah paring mapinten-pinten hidayah, arupi panca indra,
akal, qalbu lan agami. Boten wonten makhluk ingkang dipun paringi hidayah
mekaten punika kejawi manungsa. Ngengingi tanggel jawabipun manungsa punika
langkung kathah lan awrat, Allah nyempunakaken malih kanthi paring
mapinten-pinten kenikmatan, ing antawisipun:
Sepindhah, arupi nikmat panjang yuswa, kanthi panjang
yuswa, kita tasih saget nindadaken lan ningkataken amal ibadah dhateng Allah.
Menawi ing sak lebetipun gesang punika rumaos lan ngrumaosi dados makhluk
ingkang boten badhe uwal saking “khata’ lan nisyan” lepat lan supe ingkang
badhe damel dosa sahingga tansah ngathah-ngathahaken istighfar. Lan menawi dosa
ageng ingkang dipun tindakaken tumuli mertobat, boten badhe ngambali malih lan
ugi badhe nggantos pedamelan awon kanthi pedamelan ingkang sae. Amal ibadah punika ingkang badhe dados
rencang lan sedherek sasampunipun seda, kita saget mendhet hikmah saking
perjalanan ibadah haji, sedaya pangkat, jabatan, mas picis raja brana,
kendaraan lan griya ingkang mewah dipun tilar kejawi namung iman ingkang
tinancep ing salebetipun manah. Iman badhe dados semangat anggenipun nindakaken
ibadah ing tanah suci.
Kaping
kalih, nikmat sehat, sehat punika reginipun awis,
boten wonten tiyang ingkang kepingin sakit, amargi nalika sakit, dahar,
ngunjuk, sare, lungguh lan jumeneng boten badhe sekeca. Dhaharan ingkang sarwa
eco dados ical raosipun, unjukan ingkang seger inggih dados pahit lan
saterasipun. Dereng malih menawi kedah mertamba ing griya sakit lan sanesipun,
boten sekedhik biaya ingkang kedah dipun dalaken. Sehat lahir lan batos kedah
dipun syukuri, syukur billisan kanthi maos Alhamdulillah. Syukur bil hal kanthi
ningkataken amal ibadah, kaleres ibadah mahdhah lan ghoiru mahdhah. Ibadah
spiritual, ritual lan sosialipun dipun wujudaken.
Kaping
tiga, wekdal sempat utawi longgar. Sedaya tiyang
dipun paring wekdal sami inggih punika 24 jam ing setunggal dintenipun. Kanthi
wekdal punika, wonten tiyang ingkang saget bagi wekdal lan merhatosaken wekdal.
Sinaosa nembe kathah pakaryan nanging nalika pikantuk panggilan nindakaken
shalat inggih cekat-ceket nindakaken shalat. Nanging wonten ugi kathah
wekdalipun ingkang longgar, nanging nalika nampi panggilan nindakaken shalat,
panggilan punika boten dipun gatosaken. Kita kedah enget bilih manungsa punika
nate ribet, nanging sak ribet-ribetipun tiyang inggih punika, nalika kedah
saget maos kalimat tauhid ing akhir hayatipun. Amargi Rasulullah nate ngendika
“Sapa wonge kang ing akhir hayatipun bisa ngucap la Ilaha illaah daholal
jannah”.
Kanthi mapinten-pinten kenikmatan ingkang
dipun paringaken Allah dhumateng kita sedaya, saterasipun Allah paring dhawuh
supados nindakaken shalat lan nindakaken qurban. Shalat dados pokokipun agami,
sedaya tindak lampahipun tiyang Islam punika gumantung kalian shalatipun.
Shalat ingkang khusuk lan berkualitas saget nedahaken sedaya pakertinipun
dhateng kemaslahatan. Malah shalat saget nebihaken saking pedamelan keji lan
munkar. Shalat gangsal wekdal punika syari’at Allah
ingkang dipun dhawuhaken dhateng Rasulullah Muhammad SAW, menawi qurban punika
syariat Allah ingkang dipun paringaken dhumateng nabi Ibrahim nanging dipun
terasaken wonten syari’at nabi Muhammad, semanten ugi ibadah haji. Rasulullah
SAW sinaosa dados pribadi ingkang maksum, dipun jagi saking tumindak dosa lan
dipun jamin mlebet ing suwarga, nanging tansah nindakaken shalat, amargi shalat
punika semata-mata kagem mujudaken raos syukur dhumateng Allah SWT. Nabi Ibrahim salah setunggalipun kekasihipun
Allah, Ibrahim pribadi ingkang ikhlas, tawakal lan dermawan. Amargi sifat
dermawanipun nate dipun uji, lantaran wonten malaikat ingkang nyimpe dados
manungsa, kenging punapa tansah ngathah-ngathahaken anggenipun ngedalaken infaq
lan shadaqah, Ibrahim ngendika, bandha punika dereng sak pintena, lamun ingsun
diparingi putra lan didhawuhi ngurbanake yekti bakal ingsun qurbanake. Sahingga nalika Ibrahim wonten yuswa sepuh
dipun paring putra. Lan prasasat sampun supe kalian pangandikan ingkang sampun dipun
ngendikakaken. Nalika dipun paringi putra kakung ingkang sanget dipun
trisnanani. Allah paring dhawuh supados nyembelih dhateng putranipun, Ibrahim
boten selak semanten ugi Islamil putranipun. Kekalihipun pribadi ingkang
tawakal dhateng Allah. Kabukten belih dhawuhipun Allah punika namung kangge
ujian dhateng kawulanipun. Lan Allah gantos kalian hewan domba.
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا
بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ
ۚ قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ
الصَّابِرِينَ
“Mula rikala bocah iku wus tumeka (umur) bisa
mlaku bebarengan karo Ibrahim, Ibrahim ngendika “He putraningsun, ngger
satemene ingsun mirsani sajrone sare, menawa ingsung nyembelih marang kang
salira. Mula coba pikiren kepriye mungguh kang salira? “ Dhuh rama, rama kawula
aturi nindakaken punapa ingkang dipun dhawuhaken dhumateng panjenengan.
Insya-Allah panjenenngan badhe manggihi ingkang putra kalebet tiyang-tiyang
ingkang sabar”. (QS. Ash Shaffat: 102)
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا
فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا
وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ
الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
وَقُلْ
رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
Khutbah
II
اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (4×) اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ
كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ
وَالللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ. اْلحَمْدُ للهِ عَلىَ
اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ
اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ
تَعْظِيْمًا لِشَأْنِهِ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ وَِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَِثيْرًا. اَمَّا
بَعْدُُ;
فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى .وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ
بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ
اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ
آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ
مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ
اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى
وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ
بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا
اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ
وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ
الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ
مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ
وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ
وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا
ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ
اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ
فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا
لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا
بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ
وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ
اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ
اللهِ اَكْبَرْ
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
KHUTBAH
KEDUA
اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (4×) اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ
كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ
وَالللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ. اْلحَمْدُ للهِ عَلىَ
اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ
اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ
تَعْظِيْمًا لِشَأْنِهِ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَِعَلَى
اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَِثيْرًا. اَمَّا بَعْدُ فَياَ
اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى
وَزَجَرَ.وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ
وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ
ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى
اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ , اللَّهُمَّ إِيَّاكَ نَعْبُدُ وَلَكَ
نُصَلِّيْ وَنَسْجُدُ وَإِلَيْكَ نَسْعَى وَنَحْفِدُ نَرْجُو رَحْمَتَكَ وَنَخْشَى
عَذَابَكَ إِنَّ عَذَابَكَ الْجِدَّ بِالْكُفَّارِ مُلْحَقٌ اَللَّهُمَّ لَكَ الْحَمْدُ بِالإِسْلاَمِ
وَلَكَ الْحَمْدُ بِالإِيْمِانِ وَلَكَ الْحَمْدُ بِالْقُرْآنِ وَلَكَ الْحَمْدُ
بِشَهْرِ رَمَضَانَ وَلَكَ الْحَمْدُ بِالأَهْلِ وَالْمَالِ وَالْمُعَافَاةِ لَكَ
الْحَمْدُ بِكُلِّ نِعْمَةٍ أَنْعَمْتَ بِهَا عَلَيْنَا, سُبْحَانَكَ لاَ نُحْصِيْ ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ
عَلَى نَفْسِكَ فَلَكَ الْحَمْدُ حَتَّى تَرْضَى وَلَكَ الْحَمْدُ إِذَا رَضِيْتَ
, اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى عَبْدِكَ ونَبِيِّكَ وَرَسُوْلِكَ
مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ
أَجْمَعِيْنَ , اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَارْحَمْهُمْ كَمَا رَبَّوْنَا صِغَارًا , رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا
وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ , رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا
الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ
لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنـَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ, اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ رِضَاكَ وَالْجَنَّةَ وَمَا قَرَّبَ
إِلَيْهَا مِنْ قَوْلٍ وَعَمَلٍ وَنَعُوْذُ بِكَ مِنْ سَخَطِكَ وَالنَّارِ وَمَا
قَرَّبَ إِلَيْهَا مِنْ قَوْلٍ وَعَمَلٍ , اَللَّهُمَّ أَعِنَّا عَلَى ذِكْرِكَ
وَشُكْرِكَ وَحُسْنِ عِبَادَتِكَ يَا حَيُّ يَا قَيّوْمُ يَا ذَا الْجَلاَلِ
وَالإِكْرَامِ , اَللَّهُمَّ طَهِّرْ قُلُوْبَنَا
بِالْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ اَللَّهُمَّ زَكِّ نُفُوْسَنَا بِالْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ , اَللَّهُمَّ ذَكِّرْنَا مِنْهُ مَا
نَسِيْنَا وَعَلِّمْنَا مِنْهُ مَا جَهِلْنَا وَارْزُقْنَا تِلاَوَتَهُ آنَاءَ
اللَّيْلِ وَأَطْرَافَ النَّهَارِ وَاجْعَلْهُ حُجَّةً لَنَا لاَ حُجَّةً
عَلَيْنَا , اَللَّهُمَّ اجْعَلْنَا مِنْ أَهْلِ
القُرْآنِ الَّذِيْنَ هُمْ أَهْلُكَ وَخَاصَّتُكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ , اَللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ
جَهْدِ الْبَلاَءِ وَدَرْكِ الشَّقَاءِ وَسُوْءِ الْقَضَاءِ وَشَمَاتَةِ
الأَعْدَاءِ , اَللَّهُمَّ
إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ جَهَنَّمَ وَمِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ وَمِنْ
فِتْنَةِ الْمَحْيَا وَالْمَمَاتِ وَمِنْ فِتْنَةِ الْمَسِيْحِ الدَّجَّالِ , اَللَّهُمَّ طَهِّرْ قُلُوْبَنَا مِنَ
النِّفَاقِ وَأَعْمَالَنَا مِنَ الرِّيَاءِ وَأَلْسِنَتَنَا مِنَ الْكَذِبِ
وَأَعْيُنَنَا مِنَ الْخِيَانَةِ إِنَّكَ تَعْلَمُ خَائِنَةَ الأَعْيُنِ وَمَا
تُخْفِي الصُّدُوْرُ , اَللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ
حَرَامِكَ وَبِطَاعَتِكَ عَنْ مَعْصِيَتِكَ وَبِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ يَا
حَيُّ يَا قَيّوْمُ يَا ذَا الْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ , اَللَّهُمَّ اجْعَلْهُمْ آمِرِيْنَ
بِالْمَعْرُوْفِ فَاعِلِيْنَ لَهُ نَاهِيْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ تَارِكِيْنَ لَهُ , اَللَّهُمَّ يَا حَيُّ يَا قَيّوْمُ يَا
ذَا الْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ يَا مُجِيْبَ دَعْوَةِ الْمُضْطَرِّ إِذَا دَعَاكَ
نَسْأَلُكَ أَنْ تُعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِميْنَ وَأَنْ تُذِلَّ الشِّرْكَ
وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَنْ تُدَمِّرَ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَنْ تَجْعَلَ هَذَا
الْبَلَدَ آمِنًا مُطْمَئِنًّا وَسَائِرَ بِلاَدِ الإِسْلاَمِ وَالْمُسْلِمِيْنَ , اَللَّهُمَّ انْصُرْ إِخْوَانَنَا
الْمُسْلِمِيْنَ الْمُجَاهِدِيْنَ فِي سَبِيْلِكَ فِي كُلِّ مَكَانٍ. اَللَّهُمَّ
انْصُرْ إِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ الْمُجَاهِدِيْنَ فِي فِلِسْطِيْنَ،
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ أَنْ تُحَرِّرَ الْمَسْجِدَ الأَقْصَى وَأَرْضَ
فِلِسْطِيْنَ، اَللَّهُمَّ انْصُرْ إِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ الْمُجَاهِدِيْنَ
مِنْ جُنُوْدِ حَمَاس. اَللَّهُمَّ انْصُرَْإِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ
الْمُجَاهِدِيْنَ فِي أَفْغَانِسْتَان، وَإِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ
الْمُجَاهِدِيْنَ فِي كَشْمِيْرَ، وَإِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ
الْمُجَاهِدِيْنَ فِي الْعِرَاقِ، وَإِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ
الْمُجَاهِدِيْنَ فِي الشِّيْشَانِ، وَإِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ
الْمُجَاهِدِيْنَ فِي سَائِرِ بِلاَدِ الإِسْلاَمِ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ , رَبَّنَا لاَتُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ
إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ , رَبَّنَا إِنَّنَا آمَنَّا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا وَقِنَا عَذَابَ
النَّارِ, رَبَّنَا
آتِنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً وَهَيِّئْ لَنَا مِنْ أَمْرِنَا رَشَدًا , رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ
لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ , رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً
وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ, رَبَّنَا
تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ وَتُبْ عَلَيْنَا
إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ , وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ
الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ. وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ. وَالْحَمْدُ
لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا
بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ
وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ
اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ
اللهِ اَكْبَرْ
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته