Perkoro sing iso ngalangi wong dadi wong soleh/solehah
اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ مَنْ تَوَكَّلَ
عَلَيْهِ بِصِدْقِ نِيَّةٍ كَفَاهُ وَمَنْ تَوَسَّلَ إِلَيْهِ بِاتِّبَاعِ
شَرِيْعَتِهِ قَرَّبَهُ وَأَدْنَاهُ وَمَنِ اسْتَنْصَرَهُ عَلَى أَعْدَائِهِ
وَحَسَدَتِهِ نَصَرَهُ وَتَوَلاَّهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ حَافَظَ دِيْنَهُ وَجَاهَدَ فِيْ
سَبِيْلِ اللهِ (أَمَّا بَعْدُ) فَقَالَ تَعَالَى وما أمروا الاليعبدوا الله
مخلصين له الدين حنفاء ويقيموا الصلوة ويؤتوا الزكوة وذلك دين القيمة وَقَالَ: يَا
أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ
وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا
وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ
اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. وَقَالَ: وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَ
الزَّادِ التَّقْوَى.
Ma’asyiral Muslimin
rohimakumulloh.
Minongko purwokoning atur, keparengo kawulo ngajak dumateng awak soho keluargo kulo piyambak lan umumipun dumateng panjenengan sedoyo engkang hadir lan mirengaken khutbah meniko, monggo sesarengan sami ningkataken raos ajrih dumateng ngerso dalem Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo ingkang dipun dawuhaken Allah SWT. Monggo sedoyo mawon sesarengan kulo dereaken podo ngandelno iman, islam soho ihsan kito wonden ngerso dalem Alloh SWT kanti ngindari awak songko sifat seneng curang, seneng ngapusi lan macem2 sifat sing awon sanese, sebab kanti mekaten kito nembe saget berusaha istiqomah dadi wong sing soleh.
Ma’asyiral Muslimin
rohimakumulloh.
Ing dalem setunggaling dawuhe sayidina Ali Karomallahu wajhah nate ngendiko ngeten:
عَنْ عَلِيّ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ لَوْلَا خَمْسَ
خِصَالٍ لَصَارَ النَّاسُ كُلُّهُمْ صَالِحِيْنَ اَوَّلُهَا اَلْقَنَاعَة
ُبِالجَهْلِ وَالْحِرْصُ عَلَى الدُّنْيَا وَالشُّحُّ بِالْفَضْلِ وَالرِّياَ فِى
الْعَمَلِ وَالْإعْجَابُ بِالرّأيِ
Saking sayidina Ali ra. lamunto ora ono limang perkoro sing ndadekno olo ning ndonyo iki, yekti menungso bakal dadi wong soleh-soleh kabeh, siji rumongso seneng karo bodone, nomer loro tamak/serakah (gedadang) karo donyo, telu bakhil/medit ing dalem bondo, papat tansah riya’/pamer ing dalem saben ‘amale, limo ‘ujub/bangga/rumonggo luwih karo awake dewe. (Kitab Tanqihul Qaul al-Hatsits fi Syarhi Lubabil Hadits karya Syekh Muhammad Nawawi al-Bantani)
Sepisan,
اَوَّلُهَا اَلْقَنَاعَة ُبِالجَهْلِ rumongso seneng
karo bodone awak dewe,
Artine
ngumbarno awak dewe nduwe rumonggso wis
nyaman, wis seneng ora ngaweruhi
ing dalem masalah agomo.
Perkoro iki sekabehane wong muslim zaman saiki koyo-koyo wis biasa, terutama sing gaweane ning
kantoran, ndalanan, ning oro2nan, dll, saben dinone
disibukno kanti urusan bisnis,
dodolan, tanduran demi mencapai cita2ne, saperlu anggayuh opo
sing di karepno, Sedangkan masalah
keislaman, agomo cukup dipasrahno
wae karo ustadz utowo kiyaine, wong iku
ora gelem ngangsu kaweruh masalah2 agomo. Babar blas Ora
ono ing ndalem atine wong
mau nduwe kekarepan kepingin sinau
kanti temenanan opo
sejatine islam iku, piye kudune dadi
wong muslim sing apik iku.
Ora pernah nduwe kepinginan ngerti …eh piye corone sholat sing bener, corone wudhu sing bener, corone adus jinabah sing bener, piye ngelmune wong
wedok sing nembe ketekanan tamu
bulanan sing bener, wong mau wis
podo marem kanti ngerti songko sak klebatan tok. Ngono iku yo ora
salah, tapi kabeh mau
nudohno ora tenanane
awak dewe ing dalem
ngelakoni agomo, nek di
bandingno karo seriose
kulo sampean ngurusi
ndonyo, dawuhe kanjeng Nabi Muhammad SAW.
اللهُ يَبْغَضُ كُلَّ عَالِمٍ بِالدُّنْيَا
جَاهِلٍ بِاْلأَخِرَةِ رواه الحاكم
Alloh serik karo wong sin g pinter ing dalem urusan donyo tapi bodo ing dalem urusan akhirat.
Ma’asyiral Muslimin
rohimakumulloh.
Sing
nomer loro lan telu وَالْحِرْصُ عَلَى الدُّنْيَا
وَالشُّحُّ بِالْفَضْلِ tamak/serakah (gedadang) karo donyo, lan
bakhil/medit ing dalem bondo,
Loro-lorone
iki dadi
pasangan sing tansah
gandengan koyo nganten anyar sing
ora tahu gelem pisah, Sopo wae wonge sing nduweni sifat serakah
mesti wong iku
nduweni sifat medit/bakhil
sebab nduwe rumongso sayang, seneng sing
kebacut karo opo-opo sing di
nduweni, lali nek
kabeh mau Cuma
titipan sengko gusti Alloh. Lewat mimbar meniko kulo ngajak,
monggo do sesarengan mbudi doyo ngapi’i ilmu
agomone dewe-dewe, mbolek duwit
njih banget pentinge, tik
ra penting piye
leh mas, kanggo
golek mblonjo opo, kanggo
mbayar listrik opo,
kanggo nyangoni anekke sekolah opo lan sak piturute….. kulo
piyambak njih ora
seneng nek ono
wong ngomong; Kanggo opo
sugih nek ora
berkah, Kanggo opo sugeh nek hasile sengko
korupsi, Kanggo opo sugih
nek ora
iso jamin mlebu suwargo, Luwih apik mlarat tapi nduweni
iman ketimbang sugih nanging
bejat. Kulo gak
nduwe minat mbantah
omongan-omongan ngoteniku. Onten cerito teng
negoro Prancis, negoro iki
nduweni aturan: agomo iku urusan
pribadi masing-masing wong. Sebab
iku negoro prancis
ora ngolehi wargane tampil
ning panggonan umum
nganggo simbol-simbol agomo, wong wedok sing konangan nganggo pakaian jilbab/cadar ning panggonan
umum bakal keno
dendo, aturan iki
ndadekno akeh muslimat
sing gak iso
nglakoni ibadah sesuai aturan
agomo.
Nuli ono
siji wong pengusaha muslim
keturunan aljazair sugih mlegeduh
sing jenenge Ahmad Rasyid Nikaz, Nganggo
duwite, wong iki tansah mbebasno
wong wedok2 muslim sing keno dendo
sebab do nganggo
kudung ning panggonan
umum. Mongko sejak negoro prancis gawe
peraturan/ undang-undang sing
nglarang wong wedok
muslim nganggo jilbab, Rasyid Nikaz nyediakno duwit 1 juta
Euro khusus kanggo bayar dendo, koyo-koyo lakone Rasyid Nikaz iku nemu
pengucap ; hei wong wedok muslimah
prancis do nganggo..o kudung
sak senengmu, mengko
nek di dendo
tak aku sing mbayari. Sebab lakone Rasyid Nikaz sing
ngunuiku, Syekh Al-Khuwainy
ngumpamakno wong muslim
siji sing sugih
ngalahno siji negoro , mugo-mugo Alloh paring rahmat
kaliyan Rasyid Nikaz lan bondone
ing ndunyo lan
akherot aminnn.
Cerito Rasyid Nikaz
iki ngelingno kulo
karo Khalifah Abu Bakar
Ash-Shiddiq. Abu Bakar
Ash-Shiddiq mbebasno budak
sengko wong kafir
nganggo bondone., Rasyid Nikaz
mbebasno wong wedok sing nganggo jilbab nganggo bondone. Sak
umpomo wong iku
mlarat kiro2 iso ora
mbebasno wong liyo koyo
ngono iku …..tentu
mboten. Wis dadi hukum alam nek bondo
iku nduweni kekuasaan, sing sopo wonge
nduwe bondo okeh,
wong iku iso nguasani
ndonyo. Bondo iku podo karo peso, apik
olone karek sing
nggowo, di gunakno kanggo
opo, carane oleh nganggo coro
opo . Nek sing nyekel
wong sing nduweni iman, insya Allah iso njejegno nilai-nilai agomo Islam ning
nduwur bumi iki.
Tapi njih
kalih eling barang
karo dawuhe Rasulullah saw:
الزّهْدُ فِى الدُّنْيَا يُرِيْحُ الْقَلْبَ وَالبَدَنَ وَالرُّغْبَةُ فِيْهَا تُتْعِبُ اْلقَلبَ وَاْلبَدَنَ رواه الطبرانى
Zuhud/ ora seneng donyo iku nyenengno
ati lan awak, sedangkan seneng donyo iku banget ngeselno ati
lan awak.
Bakhil/medit iku dampak langsung songko serakah donyo, lan medit mesti bakal ngadohno wong sengko Alloh, surgane Alloh lan menungso, artine sak soleh-solehe wong soleh sing medit, sak alim-alime wong alim sing medit iku cumo ono ning angen-angen tok, lamon to do iso dadi wong soleh utowo alim cuma dadi wong soleh / alim sing semu.
Ma’asyiral Muslimin
rohimakumulloh.
Papat
وَالرِّياَ فِى الْعَمَلِ tansah riya’/pamer ing dalem
saben ‘amale,
Riya’
utowo pamer iku nglakoni siji amal
ibadah agomo kanti
maksud ben oleh
aleman sengko wong
liyo. Artine wong iku
kepingin oleh opah
donyo kanti nglakoni amalan akherat. Rosululloh saw negesno riya/pamer termasuk ning
njerone syirik sing cilik
dawuhipun ;
أَخْوَفُ مَا أَخَافُ عَلَيْكُمُ الشِّرْكُ
الْأَصْغَرُ, فَسُئِلَ عَنْهُ فَقَالَ: الرِّيَاءُ.
Perkoro sing sak kawatirno
karo siro kabeh yoiku
perkoro syirik cilik, nuli
nabi di takoni syirk cilik niku
opo ya rosul, nabi dawuh “riya/pamer” (HR. Ahmad, Ath-Thabrany
dan Al-Baihaqy)
Diarani syirik cilik
sebab rupane pamer sing
banget aluse lan blas ora
ketok. Onone Cuma ning
njero ati, ora ketok
ning perbuatane. Wong ahli
torikoh ngibaratno aluse sifat
riya/pamer koyo semot ireng sing
ngrayap ning nduwur watu
ireng ning wektu peteng
ndedet. Banget aluse sampe-sampe
wong sing keno
penyakit iki sering ora
nyadari. Kanjeng Rasulullah saw dawuh:
اِنَّ اللهَ حَرَّمَ الْجَنَّةَ عَلَى كُلِّ
مُرَاءٍ
Sak
temene Alloh haramno suwargo kanggone
wong-wong podo tansah
pamer
Sing
nomer limo وَالْإعْجَابُ
بِالرّأيِ
‘ujub/bangga/rumonggo
luwih karo awake dewe.
Yoiku nduwe rumongso awak dewe paling sempurno, paling matoh dewe, paling pinter dewe, paling bener dewe ketimbang wong liyo. Kulo sampean ora oleh nduwene perasaan ujub iki sebab di kuwatirno bakal nglahirno sifat sombong, sedang kesombongan iku cuma duwene Allah sing ora oleh di nduweni makhluk liyo luwih-luwih menungso.
Ma’asyiral Muslimin
rohimakumulloh.
Mekaten limang perkoro sing miturut Sayyidina Ali Karramallahu Wajhah iso ngalangi wong-wong dadi wong soleh/solehah, mugo-mugo khotbah kulo niki saget dados bahan renungan sing jero, tumrap keluargo kulo lan sampeyan sedoyo. Aamin Allohumma amiin.
اَعُوْذُ باِلله
مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ الله الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ.
إِنَّمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَلَهْوٌ ۚ
وَإِنْ تُؤْمِنُوا وَتَتَّقُوا يُؤْتِكُمْ أُجُورَكُمْ وَلَا يَسْأَلْكُمْ
أَمْوَالَكُمْ
باَرَكَ اللهُ ليِ وَلَكُمْ فيِ
ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ – وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ
وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ – وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ
هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم – أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ اللهَ
اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَات
وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ
الرَّحِيْمِ.
Khutbah
II
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا
بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ
وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ.
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً
لِلْعَالَمِيْنَ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى
اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا ,اَمَّا بَعْدُ;
فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى .وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ
بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ
اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ
آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ
وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ
الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ
الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ
اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ
الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ
وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ
الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ
مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ
اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ
افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ
الْفَاتِحِيْنَ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ
وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ
عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ
عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى
اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا
اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ
اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ
وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ
وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ
اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ
اللهِ اَكْبَرْ
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
0 comments:
Posting Komentar