09 Agustus 2025

Khutbah Jum'at singkat Jawa : Opo sing mbok korbanno kanggo agomone Allah

Opo sing mbok korbanno kanggo agomone  Allah 

الْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَلَهُ نُصَلِّى وَنَسْجُدُ وَإِلَيْهِ نَسْعَى وَنَحْفِدُ، نَرْجُوْ رَحْمَتَهُ وَنَخْشَى عَذَابَهُ إِنَّ عَذَابَهُ الْجِدَّ بِالْكُفَّارِ مُلْحَقٌ. أَشْهَدُ أن لاَّ إِلَهَ إِلاًّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ وَلاَ رَسُوْلَ بَعْدَهُ، قَدْ أَدَّى اْلأَمَانَةَ وَبَلَّغَ الرِّسَالَةَ وَنَصَحَ اْلأُمَّةَ وَجَاهَدَ فِيْ سَبِيْلِهِ حَقَّ جِهَادِهِ ,أَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا مُحمَّدٍ, سَيِّدِ المُرْسَلِيْن, وَإِمَامِ الْمُهْتَدِيْن وَ قَائِدِ الْمُجَاهِدِيْن, وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْن. رَبِّ اشْرَحْ لِيْ صَدْرِيْ وَيَسِّرْ لِيْ أَمْرِيْ وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِنْ لِسَانِيْ يَفْقَهُوْا قَوْلِيْ. أَمَّا بَعْد. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَقَالَ: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. وَقَالَ: وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. وَقَالَ النَّبِيُ : اِتَّقِ اللهَ حَيْثُ مَا كُنْتَ وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا وَخَالِقِ النَّاسَ بَخُلُقٍ حَسَنٍ. (رواه الترمذي).

Ma’asyiral Muslimin  rohimakumulloh.

Minangka purwakaning atur, keparenga kawula ngajak dhumateng awak kawula piyambak, lan umumipun dhumateng panjenengan sedaya ingkang rawuh saha mirengaken khutbah menika, mangga sesarengan sami ningkataken raos ajrih dhumateng ngarsa dalem Allah SWT kanthi nebihi sedaya awisan-awisanipun lan nindakaken sedaya dhawuh-dhawuhipun Allah SWT.

Ma’asyiral Muslimin  rohimakumulloh.

Ing dina Jumat iki, kulo lan panjenengan dipun elingake setunggal pitakonan sing paling nduweni makna, rupane pitakonan iku: "Opo tenan kulo lan panjenengan iki sampun berkorban kanggo agamanipun Allah?"

Yen kurban bandha, niku mungkin mawon, opo maneh kurban perasaan. Nanging, umpama kulo lan panjenengan sedo ngadep marang Allah dina iki, lajeng Gusti Allah ndangu, "He fulan bin fulan, opo sing wis kok kurbanake kanggo agamamu?" Terus kulo lan panjenengan badhe jawab nopo?

Ojo maneh ngorbanake keluarga, ngorbanake wektu sing mung sekedhik. Teko luwih cepet menyang masjid kanggo nglakoni kewajiban sholat Jumat mawon, kulo lan panjenengan ora saged. Kulo lan panjenengan niki mung sekedar nggugurake kewajiban mawon. Teko masjid, turu, sholat, mulih. Ing mangka, tiyang ingkang mboten melu ngrungokake khutbah Jumat, mboten gadhah faedah sholat Jumate.

Ojo maneh ngorbanake wektu umur sing dowo, ngorbanake wektu sing cendak, pol-pole 15 menit kanggo ngrungokake khutbah Jumat mawon kulo lan panjenengan ora sanggup. Do ngantuk, do turu. Banjur opo sing bakal kulo lan panjenengan gowo kanggo ngadep marang Allah? Opo yo cukup ndongo? "Lebetaken kulo ing dalem suwargo panjenengan ya Allah, slametaken kulo saking neraka panjenengan ya Allah." Opo cukup mek ngono tok? Mboten sami ucapan sing dijaluk karo sing dilakoni kulo lan panjenengan sedaya.

Allah subhanahu wa ta'ala berfirman:

قُلْ إِنَّ صَلَاتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.   لَا شَرِيكَ لَهُ ۖ وَبِذَٰلِكَ أُمِرْتُ وَأَنَا أَوَّلُ الْمُسْلِمِينَ

 Ngucapo sira Muhammad, sak temene sholatku, kurbanku, uripku, lan matiku mung kanggo Allah, Pangerane wong alam kabeh. Ora ana kang nyekuthoni Allah, lan kaya ngono ikulah sing diperintahake marang ingsun lan ingsun wong sing paling pisanan pasrahake awake ingsun marang Allah. - (QS. Al-An'am: 162-163)

Ma'asyiral Muslimin rahimakumulloh.

Sak temene, mung bandha sing kulo lan panjenengan golekki, lunga isuk mulih sore. Ing mangka, nek kulo lan panjenengan sedo ngadep marang Allah mung nggowo lembaran kain tanpo jahitan (kain kafan). Banjur opo sing bakal kulo lan panjenengan gowo? Ora liya bandha sing tau kulo lan panjenengan paringake kanthi ikhlas marang fakir miskin, sedekah berkat sing kulo lan panjenengan paringake kanthi ikhlas marang bocah yatim, tanah sing kulo lan panjenengan wakafno kanthi ikhlas kanggo masjid, mushola, pendidikan, dalan, lan sak piturute kerono Allah. Iku sing kulo lan panjenengan bakal gowo marang Allah.

Sayang bojo oleh, cinta marang anak ora dilarang, nanging nek sayang lan cinta iku nglalekake pangorbanan marang Allah, iku sing ndadekake cilakane kulo lan panjenengan. Podo elingo, bakal mati ora gowo opo-opo. Jumat iki, kulo lan panjenengan lagi takon, khotib takon marang awake dhewe-dhewe, "Hei khotib, opo sing wis mok kurbanake kanggo agamane Allah? Perkara opo sing bakal mbok gowo ngadep marang Allah?"

Ma'asyiral Muslimin rahimakumulloh.

Misale kulo lan panjenengan luwih tresno marang bojo, luwih tresno marang bapak, luwih tresno marang ibu, luwih tresno marang anak-anakmu, luwih tresno marang kanca-kancamu, luwih tresno marang bandha sing mbok golekki saben dina, luwih tresno marang omah gedhemu, mongko podo siap-siap. Sak temene, kabeh iku ora bakal nulung ning ngarepe Allah. Nek kulo lan panjenengan gelem mlebu masjid utowo mushola, gelem ngorbanake sitik wae wektumu kanggo jamaah, utowo moco Qur'an, utowo dzikir, istighfar njaluk pangapura nganti netesake eluhmu.

Misale nduwe bandha, paringono kanggo agamanipun Allah. Anak-anakmu mbok didik sing becik. Tangikno anakmu jam setengah limo, ajak jamaah subuh ning masjid opo mushola. Kongkon anak wedokmu nutup aurate. Larangono anak wedokmu nek diajak dolan karo konco lanange. Pancen ketoke "keras" ning ngarepe anakmu lan "tega" ning ngarepe bojomu, nanging justru perkoro ngono iku kabeh sing bakal nulung kulo lan panjenengan ning ngarepe Allah.

Umur kulo lan panjenengan iku singkat, kurang luwih 63 tahun. Dipotong wektu kanak-kanak 13 tahun, kari 50 tahun. Dipotong wektu kerjo, dipotong wektu turu, dipotong wektu ndelok tivi, dipotong wektu ngobrol ning warung utowo podo jagong-jagong. Banjur, wektumu sing endi sing mbok kurbanake kanggo sangu ngadep marang Allah?

Kulo lan panjenengan mung tansah mikir, "Piro omah sing tak sediakan? Piro tegal sawah sing tak sediakan? Piro duit sing tak sediakan kanggo anak putuku mbesuk?" Allah berfirman:

يَوْمَ لَا يَنْفَعُ مَالٌ وَلَا بَنُونَ.   إِلَّا مَنْ أَتَى اللَّهَ بِقَلْبٍ سَلِيمٍ

Dina iku ora ono gunane bandha, ora gunane anak, kejaba wong-wong sing teko ngadep marang Allah kanthi ati sing resik. - (QS. Asy-Syu'ara: 88-89)

Ma'asyiral Muslimin rahimakumulloh.

Sing iso berkorban kanthi nganggo kuoso, "Nggonen kuosomu iku kanggo nulung agama. Nggonen tanda tanganmu, mumpung tanda tangan iku isih kanggo. Nggonen kuosomu iku kanggo kurban marang agama. Mengko mesti teko mangsane tanda tanganmu ora meneh payu, ora bakal didelok wong. Ojo nganti nek wis ora payu lagi ngomong, 'Aku arep nulung agamanipun Allah'." Ing mangka, wektu sing wis kliwat ora bakal iso dibalekake meneh.

Sing nduweni bondho, nggonen bondhomu iku kanggo nulung agamanipun Allah. Ojo nganti teko mangsane bondho iku ora ana gunane meneh, wektu iku getun ora ana gunane marang Allah. Kuoso ora duwe, bondho yo ora duwe, mongko nggo anak, bojo, mantu, lan keluargamu kabeh nulung agamanipun Allah. Podo diajak jamaah sholat ning masjid/mushola, do diajak khataman Qur'an, do diajak ngedohi larangan-larangane Allah, lan sak piturute. Nggonen ilatmu nulung agamanipun Allah.

Nek kabeh iku ora iso dinggo nulung agamanipun Allah, mongko sak temene kulo lan panjenengan ora layak nyebut awake dhewe dadi kawulane Gusti Allah, ora layak ngadep kanthi ridhone Allah. Banjur, opo sing iso mbok nggo jawab rikolo Gusti Allah takon, "He sira manungso fulan bin fulan, Aku menehi sira nyowo, Aku menehi sira urip ning ndunyo, Aku menehi sira wektu. Terus opo sing sira gunakno kanggo nulung agamaku?" Ayo podo digoleki jawabane ning awake dhewe-dhewe.

Ma’asyiral Muslimin  rohimakumulloh.

Pungkasan, mugi-mugi Allah SWT ngapunten dosa-dosa kita sedaya, maringi rejeki ingkang barokah lan jembar, sarta nebihaken kita saking kamlaratan. Mugi-mugi kita dipun paringi kabagyan ingkang cekap kangge urip ingkang tentrem. Amin Allahumma Amiin

اَعُوْذُ باِلله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ   بِسْمِ الله الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ.

إِنَّمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَلَهْوٌ ۚ وَإِنْ تُؤْمِنُوا وَتَتَّقُوا يُؤْتِكُمْ أُجُورَكُمْ وَلَا يَسْأَلْكُمْ أَمْوَالَكُمْ

باَرَكَ اللهُ ليِ وَلَكُمْ فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ – وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ – وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم – أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ اللهَ اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَات وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.

 

 


 

Khutbah II

 

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا ,اَمَّا بَعْدُ; فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى .وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

 

 

 

Share:

0 comments:

Posting Komentar

Post